Halaman

Subscribe:

Main Menu

Jumat, Desember 28, 2012

Syi'ir Jawa Habib Syech 2



Ono bebek podho nglangi ing banyune
watu item iku kelep sak mestine
Ono bebek podho nglangi ing banyune
nanging ngorong arep pedhot goro`ane

ﺼﻼة۱ﷲ ﻤﺎ ﻻﺤﺕ ﻜﻮﺍ ﻜﺐ ☼ ﻋﻠﻰ اﺤﻤﺪ ﺨﻳﺮ ﻤﻦ ﺮﻜﺐ ﺍﻟﻨﺟﺎﺌﺐ

Ono bebek podho nglangi ing banyune
nanging ngorong arep pedhot goro`ane
Endog cecak podho netes dadi macan
anak macan dadi ulo dho kluyuran

ﺼﻼة۱ﷲ ﻤﺎ ﻻﺤﺕ ﻜﻮﺍ ﻜﺐ ☼ ﻋﻠﻰ اﺤﻤﺪ ﺨﻳﺮ ﻤﻦ ﺮﻜﺐ ﺍﻟﻨﺟﺎﺌﺐ

Arah gabus podho ngambang ing banyune
watu item iku kelep sak mestine
Nanging bakal ono, gabus podho kelep
watu item dikon kelep ora gelem

ﺼﻼة۱ﷲ ﻤﺎ ﻻﺤﺕ ﻜﻮﺍ ﻜﺐ ☼ ﻋﻠﻰ اﺤﻤﺪ ﺨﻳﺮ ﻤﻦ ﺮﻜﺐ ﺍﻟﻨﺟﺎﺌﺐ

Wadhon macak lanang nuli sebalik_e
aduh ibu bapak kulo elingake
Wirang ilang turut dalan koyo kewan

Syi’ir Jawa Habib Syech (SOLLI WASALLIM DAIMAN)

Syi’ir Jawa Habib Syech bin Abdul Qodir Assegaf

SOLLI WASALLIM DAIMAN
Sholli wasallim daiman ‘alahmada
Sholli wasallim daiman ‘alahmada
Wal ali wal ashhaabiman qodwahada
Wal ali wal ashhaabiman qodwahada

Ayo do ngurangi nonton televisi
Timbang nonton tivi luwih becik ngaji
Ahbabul musthofa wadah kanggo ngaji
Kumpul poro Habaib lan poro Kiyai

Eman temen wong kang ninggal sholat wengi
Saben dhalu turu ora gelem tangi
Sholat wengi ngono disenengi gusti
Sopo gelem nyuwun mesti diparingi

Yen pengen nyenengne atine kanjeng Nabi
Ayo bareng-bareng sregep melu ngaji
Yen atine karep mesti ora bali
Saben wayah ngaji ora tau keri

Rabu, Desember 19, 2012

Syi’ir Tanpo Waton

Syi’ir Tanpo Waton dengan suara (Alm) Gus Dur dan jama’ah dapat download disini.


أَسْتَغْفِرُ اللهْ رَبَّ الْبَرَايَا     *    أَسْتَغْفِرُ اللهْ مِنَ الْخَطَايَا
رَبِّ زِدْنِي عِلْمًا نَافِعَا     *       وَوَفِّقْنِي عَمَلاً صَالِحَا
ياَ رَسُولَ اللهْ سَلاَمٌ عَلَيْكْ      *    يَا رَفِيْعَ الشَّانِ وَ الدَّرَجِ
عَطْفَةً يَّاجِيْرَةَ الْعَالَمِ      *   ( يَا أُهَيْلَ الْجُودِ وَالْكَرَمِ


Ngawiti ingsun nglaras syi’iran …. (aku memulai menembangkan syi’ir)
Kelawan muji maring Pengeran …. (dengan memuji kepada Tuhan)
Kang paring rohmat lan kenikmatan …. (yang memberi rohmat dan kenikmatan)
Rino wengine tanpo pitungan 2X …. (siang dan malamnya tanpa terhitung)
Duh bolo konco priyo wanito …. (wahai para teman pria dan wanita)
Ojo mung ngaji syareat bloko …. (jangan hanya belajar syari’at saja)
Gur pinter ndongeng nulis lan moco … (hanya pandai bicara, menulis dan membaca)
Tembe mburine bakal sengsoro 2X …. (esok hari bakal sengsara)
Akeh kang apal Qur’an Haditse …. (banyak yang hapal Qur’an dan Haditsnya)
Seneng ngafirke marang liyane …. (senang mengkafirkan kepada orang lain)
Kafire dewe dak digatekke …. (kafirnya sendiri tak dihiraukan)
Yen isih kotor ati akale 2X …. (jika masih kotor hati dan akalnya)